B. Daerah

Pertanyaan

pacelatun basa jawa tema:liburan(4 orang)

1 Jawaban

  • Bapak : “Wid, kok njanur gunung kadingaren kok dandan mlipit arep menyang ngendi ta, Le?
    Widodo : “Inggih, badhe sowan pak lurah”.
    Bapak : “Lha, ana apa kok sowan Pak Lurah barang?”
    Widodo : “Nyuwun pangapunten, kok kula dipundhawuhi sowan mrika”.
    Bapak : “Ya, wis gek ndang rana!”
    Widodo : “Inggih, Pak”.Tekan daleme Pak Lurah Widodo terus uluk salam.
    Widodo : “Assalamu’alaikum!”
    Pak Lurah : “Wa’alaikum salam, O nak Widodo, mlebu kene!”
    Widodo : “Inggih, Pak”
    Pak Lurah : “Ana apa? Apa ana bab sing kudu takbantu?”
    Widodo : “Bboten Pak, kala wingi sonten Joko dating griya kula, kula supados sowan Pak Lurah wonten punapa ta, Pak?”
    Pak Lurah : “Oh....kuwi ta. Ngene, kowe rak dadi wakil ketua karang taruna kene, kamangka ketuane dina iki lagi lara, mula kowe tak dawuhi makili rapat karang taruna neng kecamatan babagan kegiatan Liburan Sekolah, kowe rak bisa ta?”
    Widodo : “O.... Ngaten nggih pak, nuwun sewu pak lurah punapa kula saged mbekta kanca?”
    Pak Lurah : “Kena wae, sapa sing arep kokajak?”
    Widodo : “Joko mawon lare satunggal rak cekap”
    Pak Lurah : “Ya wis, yen wis rampung saka kecamatan kowe rapata pisan karo anggota karang taruna, hasile diwarakake karo para pemuda”.
    Widodo : “Inggih Pak. Rapatipun dhateng kecamatan mbenjang punapa Pak?”
    Pak Lurah : “Suk Senen, dadi isih ana dina kanggo nyamaptakake prabote”
    Widodo : “Inggih Pak, matur nuwun. Sapunika sampun meh Magrib kula nyuwun pamit”.
    Pal Lurah : “Ya... ya, matur nuwun”

Pertanyaan Lainnya