Buatlah Sesorah (Pidato) Bahasa Jawa Dengan Tema: A. Isra' Mi'raj B. Hari Kartini C. Perpisahan Sekolah Masing-Masing Satu.
Pertanyaan
A. Isra' Mi'raj
B. Hari Kartini
C. Perpisahan Sekolah
Masing-Masing Satu.
2 Jawaban
-
1. Jawaban KimHaneul
PIDATO BAHASA JAWA TEMA ISRA MI'RAJ
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Hamdan Wa Sukrolillah, Washolatu wasalamu Ala Rosulillah, Amma ba’ du.
Dumateng bapak ibu guru ingkang kawulo hormati sarto rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin mangga kita sesarengan ngaturken raos puja puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT. Awit rahmat lan hidayahipun ingkang kaparingaken dhumateng kita, sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing panggonan mriki, ingkang sami-sami hanggadahi tujuan mengeti adicara ISRA MI'RAJ, kang klebu ceramah agama kagem santapan rohani ing ndalu punika.
Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sa’wajare mangertos dumateng junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito dhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang dado larangan-laranganipun Allah swt.
Isro’ mi’roj punika ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih kanjeng nabi Muhammad Saw. ngawontenaken isro’, inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggalipun khewan ingkang sampun dipun cawisa-ken dening Allah SWT. Kanjeng nabi mi’roj punika minggah da-teng langit, saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sidratul Muntaha. Sidratul Muntaha punika langit sap pitu.
Kawulo ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro lan mi’jor meniko bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam.
Para hadirin hadirat Rahimmakumullah. Mbok menawi namung dumugi semanten, sesorah ingkang saged kula aturaken, dene kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok menawi wonten tindak-tanduk kula saha ceweting atur kula ingkang kirang mranani penggalih. Pitungkasing atur…
Wallahu muafik ila ‘aquamithorik, Wassalamu’ alaikum wr. wb.............
Contoh pidato bahasa jawa dengan tema memperingati hari kartini.
Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatuh
Ingkang kinurmatan Ibu Kepala SMKN 1 Magelang
Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
Lan ingkang kula tresnani sanget
rencang-rencang ugi adek-adek sedoyo.
Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngraosakin puji lan syukur kehadirat Allah SWT sehinggo ing wektu punika kito saget makempal ting mriki ing keadaan sehat lan mboten wonten alangan punapa-punapa. Ing wektu punika kula badhe pidato ingkang temanipun "mengeti dinten kartini", bapak/ibu lan rencang-rencang sedoyo mesti sampun ngerti sapa kuwi Kartini lan opo wae jasane tumrap bangsa lan negara, khususipun dumateng tiyang setri.
Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang setri, bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngrasaaken kebebasan ing sakjroning kehidupan utawa urip. Ndek mbiyen niku sing jenenge tiyang wadon gayange nggeh namung ting omah ugi nglayani bojonipun kiyambak, nanging amargo Ibu kartini memperjuangkan hak-hakipun wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngrasaaken sing jenenge bebas lan mboten ting nggriya mawon.
Atas jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas metu saking omah, saget nggolek panguripan kiyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih. Jalarain punika kula ngajak kalian rencang-rencang lan bapak soho ibu guru sedoyo supados ndadiaken pangeten dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadeake majune wanito Indonesia.
Cekap semanten anggen kula pidato, sak teruse kula donga maring sing kuasa supaya para wanito Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng bojone utawa tiyang kakung lan supados dadio wanito ingkang nggowo manfaat dateng Bangsa lan Negoro. Cekap semanten, yen anggen kula matur wonten lepate kula nyuwun ngapuro ingkang sak ageng-agengipun. Semogo dadio pidato niki nggowo manfaat dumateng sedayanipun, Bilahitaufik walhidayah..
Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakatuh -
2. Jawaban Finon
A.Isra MirajAssalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bapak- bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kula kurmati. Mangga kita sesarengan munjuk atur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun paring kanugrahan rahmat saha hidayah, dene kula panjenengan sami saget makempal wonten ing mriki saperlu ngawontenaken pengetan isro’ mi’roj.
Kula minangka “Panitia Penyelenggara” pengetan isro’ mi’roj
ing masjid…………………mriki punika ngaturaken agunging panu-
wun ingkang tanpa upami dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan isro’ mi’roj ing panggenan mriki. Samanten ugi dhumateng para sanak saderek ingkang sampun kersa mbiyantu bot repoting pa-hargyan pengetan isro’ mi’roj punika.
Para rawuh sadaya ingkang satuhu bahagya mulya. Ing wakdal
punika kaleres tanggai 27 rajab 19……..utawi tanggai ……………
wulan…………tahun………….M, kita sesarengan mengeti isro’
mi’roj kanjeng Nabi Muhammad Saw.
Isro’ mi’roj punika ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih kanjeng nabi Muhammad Saw. ngawontenaken isro’, inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggalipun khewan ingkang sampun dipun cawisa-ken dening Allah SWT. Kanjeng nabi mi’roj punika minggah da-teng langit, saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sidratul Muntaha. Sidratul Muntaha punika langit sap pitu.
Ing salebeting isro’ lan mi’roj punika kanjeng nabi Muhammad pikanthuk wahyu shalat sedinten sedalu kaping gangsal Ing samangke luwih gamblang lan cethanipun badhe dipun wedaraken dening bapak…………………saking……………
Kula kinten atur pambuka pengetan isro’ mi’roj saking kula cekap samanten kemawon. Mangga kita sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwiti kanthi maos basmalah :
Bismillahir rahmanir rahiim”.
Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
B. hari kartini
Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatu.
Ingkang kinurmatan Ibu Kepala SMKN 1 Magelang.
Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.
Lan ingkang kula tresnani sanget rencang-rencang ugi adek-adek sedoyo.
Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngraosakin puji lan syukur kehadirat Allah SWT sehinggo ing wektu punika kito saget makempal ting mriki ing keadaan sehat lan mboten wonten alangan punapa-punapa. Ing wektu punika kula badhe pidato ingkang temanipun "mengeti dinten kartini", bapak/ibu lan rencang-rencang sedoyo mesti sampun ngerti sapa kuwi Kartini lan opo wae jasane tumrap bangsa lan negara, khususipun dumateng tiyang setri.
Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang setri, bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngrasaaken kebebasan ing sakjroning kehidupan utawa urip. Ndek mbiyen niku sing jenenge tiyang wadon gayange nggeh namung ting omah ugi nglayani bojonipun kiyambak, nanging amargo Ibu kartini memperjuangkan hak-hakipun wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngrasaaken sing jenenge bebas lan mboten ting nggriya mawon.
Atas jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas metu saking omah, saget nggolek panguripan kiyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih. Jalarain punika kula ngajak kalian rencang-rencang lan bapak soho ibu guru sedoyo supados ndadiaken pangeten dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadeake majune wanito Indonesia.
Cekap semanten anggen kula pidato, sak teruse kula donga maring sing kuasa supaya para wanito Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng bojone utawa tiyang kakung lan supados dadio wanito ingkang nggowo manfaat dateng Bangsa lan Negoro. Cekap semanten, yen anggen kula matur wonten lepate kula nyuwun ngapuro ingkang sak ageng-agengipun. Semogo dadio pidato niki nggowo manfaat dumateng sedayanipun, Bilahitaufik walhidayah.
Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakatuh.
semoga benar