contoh pidato bahasa jawa
B. Daerah
danin
Pertanyaan
contoh pidato bahasa jawa
2 Jawaban
-
1. Jawaban adeliads
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.
Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.
Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
jangan lupa terbaik + thxnya yaaaa ^^ makasiihh -
2. Jawaban ReysDenimDX
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah Dhumateng Bapak lan Ibu guru Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.