B. Daerah

Pertanyaan

20 kata kerja dalam bahasa jawa ngoko, krama madya dan krama inggil

1 Jawaban

  • Gawea tembung kriya/kata kerja nganggo bahasa jawa ngoko, krama madya, lan krama inggil!

    Jawaban

    Pendahuluan

                Bahasa Jawa iku katah jenise. Wonten Bahasa Jawa Ngoko Lugu, Bahasa Jawa Ngoko Alus, Bahasa Jawa Krama Lugu, lan Bahasa Jawa Krama Alus. Saben jinising bahasa jawa iku miduweni kagunaan ingkang benten. Ana ingkang digunakake marang sakpadha, ana ingkang digunakake marang wong sing luwih tuwo, ana ingkang digunakake marang wong sing dikurmati, lan ana ingkang digunakake marang wong sing luwih enom.

    Pembahasan

                  Ing ngisor iki, bakal kula tulisake tuladhane tembung kriya utawa kata kerja wonten basa jawa ngoko, krama madya, lan krama inggil.

    (Format Penulisan “Ngoko – Krama Madya – Krama Inggil”)

    1. Adeg – Ngadeg – Jumeneng  
    2. Anggo – Angge – Agem  
    3. Arep – Ajeng, badhe – Kersa  
    4. Buwang – Bucal – Kendhang  
    5. Cawis – Cawis – Caos  
    6. Dandan – Dandos – Busana  
    7. Dolan – Dolan – Ameng-ameng
    8. Eling – Eling – Emut, enget
    9. Enteni – Entoni – Rantosi  
    10. Gawe – Damel – Damel  
    11. Golek – Pados – Pados
    12. Ilang – Ical – Ical
    13. Imbuh – Imbet – Tanduk
    14. Kaget – Kaget – Kejot
    15. Kanggo – Kangge – Kagem
    16. Kongkon – Kengken – Utus
    17. Krungu – Kepireng – Midhanget
    18. Kuwat – Kiyat – Kiyat
    19. Lagi – Saweg – Nembe
    20. Lunga – Kesah – Tindak
    21. Lungguh – Lenggah – Pinarak
    22. Maca – Maca – Maos
    23. Mangan – Nedha – Dhahar
    24. Melu – Tumut – Ndherek
    25. Mikir – manah – Nggalih
    26. Teka – Dugi, dhateng – Rawuh
    27. Tuku – Tumbas – Mundhut
    28. Wani – Wantun – Wantun
    29. Wedi – Ajrih – Ajrih
    30. Wisuh – Wisuh – Wijik.

    Kesimpulan

               Ing saknduwuripun sampun kula damelaken sakedik tuladhane tembung ngangge basa jawa ngoko, basa jawa krama madya, lan basa jawa krama inggil (Krama alus)

    Pelajari Lebih Lanjut :

    1. Bedanipun ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus, waca ing https://brainly.co.id/tugas/11883324
    2. Bahasa Jawa Krama Alus “Simbah Lagi Lara Untu”, waca ing brainly.co.id/tugas/3897582
    3. Basa Jawa saka tangan, waca ing brainly.co.id/tugas/1235746

    Detail Jawaban

    Kelas             : X

    Kategori         : Unggah-ungguhin Basa Jawi.

    Kode              : -

    Kata Kunci     : Tembung Kriya, Kata Kerja, Bahasa Jawa, Ngoko, Krama Madya, Krama Inggil, Krama Alus.

    Gambar lampiran jawaban tessy

Pertanyaan Lainnya